Menyang kontèn

Ngracana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ngowahi latar wuri klip vidéo sarana piranti racana (compositing tool)
Gambar racanan saka uncalan bal basket. Enem bal basket diwuwuhaké ing gambar asli kanggo nggambaraké lintasan uncalan.

Ngracana utawa pangomposisian (basa Inggris : compositing) yaiku tumindak nggabung, nyungsun, uga nata gambar-gambar visual sing asalé séjé-sejé dadi gambar manunggal murih katon kaya asalé padha. Suting live-action (laga langsung) kanggo racana biasané karan "chroma key" (kunci warna), "layar biru", "layar ijo" lan aran-aran liyané. Sapréné, ngracana bisa digayuh lumantar manipulasi gambar digital. Nanging, teknik racana sadurungé jaman dhigital wis ana wiwit filem anggitan Georges Méliès ing pungkasan abad kaping 19, lan sawetara teknik-teknik isih digunakaké nganti saiki.