Wikipédia:Pendhapa
Koala punika satunggaling marsupial hèrbivor ingkang aslinipun saking Ostrali. Koala punika tunggal-tunggalipun wakil saking kulawargi Phascolarctidae. Koala punika gadhah nama latin Phasclarctas Cinereus. Koala jaler saha koala wadon punika gadhah ciri fisik ingkang bènten. Manawi koala jaler punika ukuran badanipun langkung ageng tinimbang koala wadon. Miliginipun Koala ingkang gesang wonten ing pérangan Ostrali Kidul punika ukuranipun langkung ageng kirang langkung 30% tinimbang koala ingkang gesang wonten ing Ostrali lèr. Koala punika kados bruwang alit ingkang manggén wonten ing wit-witan. Koala kalebet kéwan hèrbivor. Kéwan koala punika awratipun kirang langkung 9 kg. Ulesipun kandel, limrahipun awerni ngawu layan saha wonten warni coklat sakedhik-sakedhik.
Koala punika boten kalebet bruwang sanajan wujudipun kados bruwang alit. Koala boten gadhah plasenta utawi boten kalebet salah satunggaling mamalia. Nanging koala kalebet kéwan marsupial ingkang nglairaken anak saha ngagengaken wonten ing kanthong. Saéngga boten leres manawi koala dipunwastani koala bruwang nanging cekap dipunwastani kanthi nama koala kémawon. (Waos candhakipun)![]()
Iki gambar samak album Abbey Road déning The Beatles. Amarga samaké dibabar ing Amérika Sarékat tanpa wara-wara kak cipta, gambar iki dadi mlebu domain umum ing kana. Ing Afrika Kidul, mangsa pangayoman kak ciptané uga wis entèk. Mula gambar iki saiki bisa dipacak ing Wikimedia Commons.
- 31 SM - Pasukan Octavianus ngasoraken pasukan gabungan Mark Antony kaliyan Cleopatra wonten ing Prayudan Actium.
- 1666 - Kabesmèn (kobongan) ageng ing kitha London, Inggris.
- 1937 - Pierre de Coubertin, "bapak" Olimpiade modhèren, séda.
- 1945 - Perang Donya II sampun bibar.
- 1998 - Swissair Penerbangan 111 dhawah wonten ing Peggys Cove, Nova Scotia; sedanten penumpangipun séda.